Khutbah Jum’at Bahasa Jawa: Tumakninah (2)

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ يُثَبِّتُ الَّذِيْنَ آمَنُوْا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةْ،

وَهُوَ الَّذِيْ يُضِلُّ الظَّالِمِيْنَ وَجَعَلَ عَلَى أَبْصَارِهِمْ غِشَاوَةً.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهْ، عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةْ.

وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه، الدَّاعِيْ إِلَى سُلُوْكِ الْمُشَاهَدَةْ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدْ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ذَوِي الرَّائِحَةِ الْمِسْكِيَّةْ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهْ أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهْ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنْ، اِتَّقُوْا اللهْ، اِتَّقُوْا اللهْ، اِتَّقُوْا اللهَ وَأَطِيْعُوْهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ.

فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمْ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمْ، اَلَّذِيْنَ آمَنُوْا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللهِ قلى أَلَا بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ.

وَقَالَ أَيْضًا، يَا أَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ، اِرْجِعِيْ إِلَى رَبِّكِ رَاضِيَةً مَرْضِيَّةً، فَادْخُلِيْ فِيْ عِبَادِيْ، وَادْخُلِيْ جَنَّتِيْ. صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْم

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah

Monggo kito sami netepi taqwa lan taat dumateng Allah, wonten ing panggenan pundi kemawon, rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kito tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngarso Gusti Allah.

Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah

Wonten ing Jumat kapungkur, sampun dijelasaken, menawi tumakninah miturut ahli tasawuf nggadahi makna سُكُوْنُ الْقَلْبِ, utawi tenangipun kalbu. Miturut مُعْجَمُ الْمُصْطَلَحَاتِ الصُّوْفِيّة, manah ingkang tumakninah inggih puniko manah kang kebak kaleh cahaya ilahiyah sahingga dadosaken sifat-sifat ala luntur utawi ilang, lan dadosaken priyantunipun saget nglampahi perkoro-perkoro ingkang sae.

Kalbu saget tenang sak meniko, miturut ayat ingkang kasebat ing inggil, dipun sebabaken dhening ذِكْرُ الله, utawi dzikir marang Gusti Allah. Saking pentingipun ذِكْرُ الله, ing ayat puniko frasa ذِكْرُ الله dipun ulangi kaping kaleh, lan ditambah pengetan, أَلَا.

اَلَّذِيْنَ آمَنُوْا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللهِ قلى أَلَا بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ

Ingkang artosipun: “Yaiku wong-wong kang padha iman, lan atine padha tetep mantep kalawan eling marang Gusti Allah. Elinga! Teteg antenging ati iku mung kalawan eling marang Gusti Allah.

Continue reading